Halo semua, aku mau berbagi tentang cerkak bahasa Jawa karyaku sendiri. Langsung aja yuk ! ^^
Karyaku
Karya : Feby Febyanti
Dina
iki aku ditimbali karo Bu Siti. Bu Siti ngendikan yen bakal ana lomba desain
batik. Aku diutus melu lomba iku, temane Bojonegoro. Tibake, ora namung aku
sing diutus. Ana kanca kelas sebelah, jenenge Raka. Bocahe lanang, uga pinter
gambar.
Lomba
iki sifate ora langsung. Peserta dikongkon nggawe desain, banjur dikirim ing
panitia. Wektune telung minggu. Nanging, saiki kari loro minggu. Amarga iku aku
cepet-cepetan nggolek ide.
Sawise
nggolek lan diewangi kanca-kanca sakelas, aku mantepake ati nganggo tema
kayangan api. Aku nggolek peralatan nggambar ing toko buku, banjur nggawe
sketsane.
Seminggu
sadurunge tanggal sing ditentukake, aku wis ngewarnai. Kebetulan dina sabtu iku
ana jalan santai ing sekolah. Ngerti yen mesti jam kosong, desain batikku
dakgawa ing sekolah. Banjur aku takon kanca-kanca menawa isih ana sing kurang.
Mara-mara,
Raka, kanca sing uga diutus lomba teka ing kelasku. Dheweke ndelok hasil
karyaku.
“By, iku tema
sing kowe enggo apa ?” Pitakone. Amarga aku ora pati kenal, dakjawab sakeneke.
“Kayangan Api,”
aku nglanjutake mewarnai. Dheweke meneng ing pinggirku, ora ngerti apa sing
dipikir
“By, ayo ing
kantin !” Aku diceluk karo Jennie, lan kebetulan aku emang lagi lesu.
“Ka, aku arep
ing kantin,” omongku.
Sawise iku, aku
ora petuk maneh karo Raka.
Papat dina aku ngewarna, masia ora
seapik karyane profesional, aku tetep seneng amarga iku ideku dhewe. Sesoke ing
sekolah, aku arep ngumpulake karyaku marang Bu Siti.
“Wah, apik tenan
iki le,” ora sengaja aku krungu swarane Bu Siti.
“Mboten bu,
taksih sae gambaranipun Byan,” lan aku krungu swarane Raka nyebut jenengku.
Mumpung ana Raka, luwung aku melu
ngumpulna pisan, supaya ana kancane.
“Lho iki Byan,
piye nduk gambaranmu ? Wis dadi ?” Pitakone Bu Siti.
Aku ngguyu,
banjur mlaku marani mejane Bu Siti. Lagek arep nyerahake gambar, aku kaget
menawa gambaranku ana ing meja. Tapi....iku gambarane Raka. Gambarku isih
dakcekel.
Rasane sirahku mumet, kok isa
gambarane Raka padha karo gambarku. Padahal iku ideku lan kanca-kanca. Ora
ndelok ing buku utawa internet.
“Byan, kok
nglamun ?” Bu Siti nyenggol bahuku.
“Eh, mboten
napa-napa bu,” aku mung isa ngguyu masia atiku lara.
“Bu, kula izin
mboten ndherek lomba,” omongku gugup.
“Lho kenapa ?”
“Gambaran kula
dereng rampung bu,” aku mbujuk. Dakdelok Raka sing mung meneng. Aku dadi pengen
cepet-cepet metu saking ruang guru.
Tapi Bu Siti
meksa, “Lho nduk, isih ana telung dina. Ora apa-apa yen awakmu pengen
ngrampungkake,” putusane.
Gelem ora gelem,
aku manggut-manggut, “Nggih bu, matur nuwun.”
Aku banjur metu lan mlebu ing kelas.
Jennie sing ngerti yen aku ana masalah, langsung ngongkon aku lungguh.
“Ana apa By ?
Kok sedhih ?” Aku mung isa nggeleng.
“Ana apa iki ?”
Kanca-kancaku padha mubengi bangkuku. Pungkasane, aku cerita kabeh kedadean ing
ruang guru.
“Oalah, Raka iku
kebacut tenan,” omonge ketua kelas.
“Banjur piye ?
Kowe arep nggawe maneh utawa ora ?” Jennie takon marang awakku.
Rasa-rasane, telung dina ora bakal
cukup. Apa aku ora usah melu lomba ? batinku.
“Wis ngene wae,
sesok kan libur. Ayo sing isa ing sekolah ngewangi Byan nggawe desain anyar,”
ketua kelasku menehi ide. Kanca-kancaku setuju masia ana sing ora isa melu.
Telung dina iku aku fokus nggawe
karya. Sawise mulih sekolah, sawise sinau, lan sakdurunge turu. Ing dina
terakhir lomba, gambarku wis dadi. Aku banjur marani ruang guru, nggoleki Bu
Siti.
“Lho Byan, wis
dadi ?” Bu Siti nerima karyaku.
“Apa iki temane
?”
“Batik ron jati
bu,” omongku.
“Ya wis,
dakkirime dina iki,” aku manggut-manggut.
Pengumuman lomba dianakake sakwulan
sawise lomba ditutup. Lan iku dina iki. Atiku rasane ndredeg. Aku ndonga supaya
karyaku kepilih. Seumpama ora menang, aku uga rila.
“By, kowe
ditimbali Bu Siti,” kandane Jennie.
Aku cepet-cepet
ing ruang guru. Ing kono uga ana Raka. Aku asline mangkel, nanging daktahan.
“Selamat ya,
Raka entuk juara I lan Byan juara III !” Bu Siti ngendikan kaliyan menehi piala
lan hadiah.
Aku bungah banget, amarga karyaku
entuk juara. Aku pengen ngandani kanca-kanca sekelas. Nanging aku ndelok Raka,
dheweke uga seneng. Lan ora nduwe rasa bersalah, Raka nylameti aku.
“Selamat ya By.”
Aku meksa
ngguyu, “ Ya Ka, sapa sing ora seneng yen karyane dhewe menang lomba.”
Dheweke mingkem.
Pungkasane, aku mantepake ati yen
kedadean iki bisa dakgawe pengalaman, supaya aku bisa agrembaka.