Thursday, April 28, 2016

Arti, Sifat, Watak, lan Contoh Tembang Gambuh | KMSKJD

       


            Tembang macapat iku ana 11, lan salah sijine tembang gambuh. Iki penjelasan tentang arti, sifat, watak, lan tuladhane tembang gambuh sing sampun kula rangkum.


a.   Arti tembang gambuh
     Gambuh (kecocokan) ing bahasa jawa yaiku "jumbuh utawa sarujuk" sing duweni arti cocok. Tembang iki nggambaraken komitmen menungsa sing wis wara-wara katresnan lan siap kanggo dumunung mudhun. Gancarne tembang gambuh yaiku salah sawijine tembang kang ngandung akeh piwulang.
     Saben tembang macapat kaiket wewaton/paugeran: guru gatra (cacahing gatra saben sapada), guru wilangan (cacahing wanda saben sagatra), guru lagu (dhong-dhinge swara saben pungkasane gatra). Tembang gambuh iku gatrane 5, yaiku 7u 10u 12i 8u 8o.
b.   Sifat lan watake tembang gambuh
     Tembang iki nyritakake babagan tugas lan kewajibane para generasi muda. Sifate lagu iki kulina lan nepung-nepungke. Watake tembang gambuh yaiku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo nyritakake pitutur. Saliyane iku, tembang gambuh uga menehi piwulangan marang kabeh wong. Tembang Gambuh njelasake yen manungsa iku ora isa urip dewe utawa nggantungake wong liya. Manungsa mbutuhake wong liya kanggo gawe kepribadian diri. Tembang iki akeh pituduh lan nasehat kanggo generasi muda, babagan pentinge ngormati wong kang luwih tuwa.
c.    Tuladha tembang gambuh
Sekar gambuh ping catur
(Tembang iki tembang sing kaping papat)
Kang cinatur polah kang kalantur
(Sing dadi omongan yaiku lakon kang keblabasen)
Tanpa tutur katula-tula katali
(Tanpa nasehat kejiret kesangsaran)
Kadaluwarsa katutuh
(Wis terlanjur dadi kebiasaan)
Kapatuh pan dadi awon
(Suwe-suwe dadi lakon kang ora becik)

      Matur suwun sampun kersa ing blog kula. Yen kanca sekalian pengen copas, aja lali ngatutna sumbere.. :)

7 comments: