Sunday, January 7, 2018

Contoh Cerkak (Cerpen) Bahasa Jawa | KMSKJD

Halo semua, aku mau berbagi tentang cerkak bahasa Jawa karyaku sendiri. Langsung aja yuk ! ^^

Karyaku
Karya : Feby Febyanti

Dina iki aku ditimbali karo Bu Siti. Bu Siti ngendikan yen bakal ana lomba desain batik. Aku diutus melu lomba iku, temane Bojonegoro. Tibake, ora namung aku sing diutus. Ana kanca kelas sebelah, jenenge Raka. Bocahe lanang, uga pinter gambar.
Lomba iki sifate ora langsung. Peserta dikongkon nggawe desain, banjur dikirim ing panitia. Wektune telung minggu. Nanging, saiki kari loro minggu. Amarga iku aku cepet-cepetan nggolek ide.
Sawise nggolek lan diewangi kanca-kanca sakelas, aku mantepake ati nganggo tema kayangan api. Aku nggolek peralatan nggambar ing toko buku, banjur nggawe sketsane.
Seminggu sadurunge tanggal sing ditentukake, aku wis ngewarnai. Kebetulan dina sabtu iku ana jalan santai ing sekolah. Ngerti yen mesti jam kosong, desain batikku dakgawa ing sekolah. Banjur aku takon kanca-kanca menawa isih ana sing kurang.
Mara-mara, Raka, kanca sing uga diutus lomba teka ing kelasku. Dheweke ndelok hasil karyaku.
“By, iku tema sing kowe enggo apa ?” Pitakone. Amarga aku ora pati kenal, dakjawab sakeneke.
“Kayangan Api,” aku nglanjutake mewarnai. Dheweke meneng ing pinggirku, ora ngerti apa sing dipikir
“By, ayo ing kantin !” Aku diceluk karo Jennie, lan kebetulan aku emang lagi lesu.
“Ka, aku arep ing kantin,” omongku.
Sawise iku, aku ora petuk maneh karo Raka.
            Papat dina aku ngewarna, masia ora seapik karyane profesional, aku tetep seneng amarga iku ideku dhewe. Sesoke ing sekolah, aku arep ngumpulake karyaku marang Bu Siti.
“Wah, apik tenan iki le,” ora sengaja aku krungu swarane Bu Siti.
“Mboten bu, taksih sae gambaranipun Byan,” lan aku krungu swarane Raka nyebut jenengku.
            Mumpung ana Raka, luwung aku melu ngumpulna pisan, supaya ana kancane.
“Lho iki Byan, piye nduk gambaranmu ? Wis dadi ?” Pitakone Bu Siti.
Aku ngguyu, banjur mlaku marani mejane Bu Siti. Lagek arep nyerahake gambar, aku kaget menawa gambaranku ana ing meja. Tapi....iku gambarane Raka. Gambarku isih dakcekel.
            Rasane sirahku mumet, kok isa gambarane Raka padha karo gambarku. Padahal iku ideku lan kanca-kanca. Ora ndelok ing buku utawa internet.
“Byan, kok nglamun ?” Bu Siti nyenggol bahuku.
“Eh, mboten napa-napa bu,” aku mung isa ngguyu masia atiku lara.
“Bu, kula izin mboten ndherek lomba,” omongku gugup.
“Lho kenapa ?”
“Gambaran kula dereng rampung bu,” aku mbujuk. Dakdelok Raka sing mung meneng. Aku dadi pengen cepet-cepet metu saking ruang guru.
Tapi Bu Siti meksa, “Lho nduk, isih ana telung dina. Ora apa-apa yen awakmu pengen ngrampungkake,” putusane.
Gelem ora gelem, aku manggut-manggut, “Nggih bu, matur nuwun.”
            Aku banjur metu lan mlebu ing kelas. Jennie sing ngerti yen aku ana masalah, langsung ngongkon aku lungguh.
“Ana apa By ? Kok sedhih ?” Aku mung isa nggeleng.
“Ana apa iki ?” Kanca-kancaku padha mubengi bangkuku. Pungkasane, aku cerita kabeh kedadean ing ruang guru.
“Oalah, Raka iku kebacut tenan,” omonge ketua kelas.
“Banjur piye ? Kowe arep nggawe maneh utawa ora ?” Jennie takon marang awakku.
            Rasa-rasane, telung dina ora bakal cukup. Apa aku ora usah melu lomba ? batinku.
“Wis ngene wae, sesok kan libur. Ayo sing isa ing sekolah ngewangi Byan nggawe desain anyar,” ketua kelasku menehi ide. Kanca-kancaku setuju masia ana sing ora isa melu.
            Telung dina iku aku fokus nggawe karya. Sawise mulih sekolah, sawise sinau, lan sakdurunge turu. Ing dina terakhir lomba, gambarku wis dadi. Aku banjur marani ruang guru, nggoleki Bu Siti.
“Lho Byan, wis dadi ?” Bu Siti nerima karyaku.
“Apa iki temane ?”
“Batik ron jati bu,” omongku.
“Ya wis, dakkirime dina iki,” aku manggut-manggut.
            Pengumuman lomba dianakake sakwulan sawise lomba ditutup. Lan iku dina iki. Atiku rasane ndredeg. Aku ndonga supaya karyaku kepilih. Seumpama ora menang, aku uga rila.
“By, kowe ditimbali Bu Siti,” kandane Jennie.
Aku cepet-cepet ing ruang guru. Ing kono uga ana Raka. Aku asline mangkel, nanging daktahan.
“Selamat ya, Raka entuk juara I lan Byan juara III !” Bu Siti ngendikan kaliyan menehi piala lan hadiah.
            Aku bungah banget, amarga karyaku entuk juara. Aku pengen ngandani kanca-kanca sekelas. Nanging aku ndelok Raka, dheweke uga seneng. Lan ora nduwe rasa bersalah, Raka nylameti aku.
“Selamat ya By.”
Aku meksa ngguyu, “ Ya Ka, sapa sing ora seneng yen karyane dhewe menang lomba.”
Dheweke mingkem.

            Pungkasane, aku mantepake ati yen kedadean iki bisa dakgawe pengalaman, supaya aku bisa agrembaka.

No comments:

Post a Comment